Program
PROGRAM PADINTENAN RADIO JODHIPATI 106.1 FM
SUNARING ATI (04.00-06.00)
Format lelagon nafas Islami kanthi kacampur dakwah agami Islam, ing pangajab saged mimbuhi kandeling Iman.
TEKEN MAYA -Tembang kenangan sinam-bi makarya (06.00 – 08.00)
Pasugatan lelagon lami pop Indonesia campuran. Lelagon punika dipun remeni para ibu-ibu ingkang nyambut karya, ugi para karyawan ingkang tata-tata ing kantoripun.
BANGSRIGATI - Tembang Campursari leganing ati (08.00 – 10.00)
SAMPUR – sangu makarya murih rahayu (10.00 – 13.00)
Pasugatan gendhing-gendhing tayub ingkang taksih dipun tresnani dening perangan masyarakat jawi, sae para nem-neman sarta priyayi sepuh, ugi kangge jampi sayah para among tani anggenipun nyambut damel ing sabin.
JODHIPATI - Jodhang gendhing pamareming ati (13.00 – 16.00)
Format gendhing-gendhing Uyon-uyon, ugi kagiyaraken carios-carios sejarah, carios rakyat, kawruh basa, kasusastran pinangka indhaking kawruh tumrap para miyarsa, tur kenging kangge nglelejar manah.
SANDIWARA -(16.00 – 17.00)
Acara punika nggiyaraken seni Tradisional ingkang komunikatif tuladhanipun Kethoprak, Ludruk, Dhagelan. Ing mangke pranyata taksih dipun remeni saperangan kathah para warga masyarakat.
SUNARING ATI -(17.00 – 18.00)
Acara punika mboten benten kaliyan Sunaring ati wanci enjing.
SRIKATON -Campur sari Klasik lan Maton (18.00 – 20.00)
Acara lelagon Campursari ingkang alus-alus, ugi kangge ajanging nyupeketaken pasedherekan antawising para sutresna Radhio Jodhipati kanthi lantaran tilpun utawi SMS
TARUB - Taman rubrik (20.00 – 21.00)
Acara punika ngewrat byawara ingkang asipat sesuluh mliginipun babagan budaya, tuladhanipun budaya tetanen, budaya ing papan wisata lsp.
GISIK WANGI - Gendhing Klasik Wanci Wengi (21.00 – 24.00)
Pasugayan Gendhing-gegendhengan, sendhon sesindhenan, kangge nglelejar panggalih, kathah dipun remeni para sepuh.














